JW subtitle extractor

Video Games: Apa Kuwi Selalu Ana Manfaaté?

Video Other languages Share text Share link Show times

Video Games: Apa Kuwi Selalu Ana Manfaaté?
Dolanan video games
kuwi seru lan nyenengké banget.
Ning, nèk kowé kakèhan dolanan game,
kuwi bakal ana pengaruhé kanggo uripmu.
Éfésus 5:15,16 mènèhi naséhat
bèn awaké dhéwé nggunakké wektu
”nganggo cara sing paling apik”.
Nèk kowé nganti ora turu merga dolanan game,
kuwi berarti game wis ngatur uripmu,
lan kuwi ora apik kanggo kowé.
Pikirna iki
Nèk dhuwitmu ilang,
kuwi isih isa digolèki.
Ning, nèk kowé kentèkan wektu,
kowé ora isa ngulang wektumu manèh.
Wektu kuwi luwih berharga ketimbang dhuwit.
Dadi, aja nganti kowé kentèkan wektu
merga dolanan game.
Apa kowé nganti ora mangan,
ora nggarap PR,
lan malah ora sikatan
merga kakèhan dolanan game?
Bèn kowé ora terus-terusan kaya ngono,
kowé kudu piyé?
Apa kowé seneng dolanan game nèng kamar?
Nèk iya, pindahen kuwi saka kamarmu
bèn kowé isa turu.
Kowé isa nyoba ora dolanan game babar blas.
Piyé nèk nyoba kuwi seminggu?
Gantiné, kowé isa nindakké sing liyané,
misalé olahraga.
Luwih apik manèh
nèk kowé isa ndadèkké kuwi kebiasaanmu.
Kohèlèt 3:4 ngomong
nèk ”ana wayahé ngguyu”
lan ”ana wayahé jejogèdan”.
Dadi dolanan game kuwi ora masalah,
ning, aja nganti kuwi ngentèkké wektumu.
Sakliyané kuwi,
game ya isa mengaruhi pandhanganmu
soal sing bener lan sing salah.
Alkitab ngomong
nèk Gusti Allah sengit karo wong sing ”seneng tumindak keras”.
Padahal saiki
akèh game sing isiné ora cocog karo Alkitab.
Misalé,
kekerasan,
hubungan sèks sing ora sah,
lan ilmu gaib.
Mungkin kowé mikir nèk kuwi mung game.
Ning, bayangna nèk kowé nindakké
apa sing ditindakké karakter nèng game-mu.
Kowé bakal dadi wong sing kaya apa?
Pilihan game-mu isa nduduhké soal kepribadianmu
lan pandhanganmu soal sing bener lan salah.
Piyé nèk soal game online?
Apa kowé ngerti sapa sing sakjané dolanan karo kowé?
Kowé isa waé dolanan karo wong jahat.
Mula, deloken manèh game kaya apa sing mbok pilih.
Apa kesimpulané?
Dolanan game pancèn nyenengké.
Ning, aja nganti kuwi nggawé kowé dadi kentèkan wektu
lan ora isa mbédakké sing bener lan sing salah.
Ketimbang ngupaya dadi pemenang ing game,
gunakna wektu lan tenagamu
bèn kowé isa bener-bener suksès.