JW subtitle extractor

Carané Bèn Isa Nglayani ing Bètel

Video Other languages Share text Share link Show times

Seneng banget isa ndelok jutaan wong
milih dadi abdiné Yéhuwah!
Saben minggu, jumlahé isa nambah éwonan wong.
Gawéan iki saiki digawé Yéhuwah dadi luwih cepet,
mula awaké dhéwé dadi bungah.
Ning, sapa sing bakal nyedhiakké Alkitab, wacan Alkitab,
publikasi audio lan vidéo sing nggawé
awaké dhéwé dadi akrab karo Yéhuwah,
lan mbantu awaké dhéwé nginjil lan mulang bab Kratoné Allah?
Bètel kuwi unik,
merga nèng Bètel,
para sedulur sing matang rohaniné
nglayani bebarengan karo kaum terurap.
Para sedulur kuwi tugasé nggatèkké
kebutuhané paseduluran sakdonya
lan ndhukung gawéan nginjil.
Keluarga Bètel kuwi
isiné umaté Yéhuwah sing wis janji ngabdi lan dibaptis,
sing manggon lan kerja bareng.
Mula, isa ngrasakké tenan isiné Jabur 133:1,
Seneng banget isa ndelok akèh sedulur
sing ngupaya bèn isa nglayani nèng Bètel.
Kuwi berarti péngin nindakké luwih akèh nggo Yéhuwah.
Apa kuwi ya cita-citané njenengan?
Ngupaya nglayani nèng Bètel kuwi kesempatan
bèn isa nindakké luwih akèh nggo Yéhuwah.
Nèk péngin mlebu Bètel kudu nduwé semangat
réla berkorban lan gelem nampa tugas apa waé,
iki cocog karo semangat sing ditulis nèng Yésaya 6:8,
Wektu ngerti nèk ana kesempatan kanggo
nindakké luwih akèh nggo Yéhuwah,
Yésaya seneng banget nampa kesempatan kuwi,
senajan durung ngerti tugasé.
Yésaya ngerti nèk kesempatan iki asalé saka Yéhuwah,
mula dhèké péngin nindakké tugas apa waé.
Anggota keluarga Bètel sakdonya
uga nduwé semangat kuwi.
Kenapa akèh sedulur gelem nglayani nèng Bètel?
Merga katresnané marang Yéhuwah
nggawé para sedulur kuwi
ngutamakké Kratoné Yéhuwah
ketimbang pepénginané dhéwé.
Kaya sing ditulis nèng buku Pemberita, halaman 295,
”Iki dudu gawéan sing isa marahi sugih utawa terkenal.
Para sedulur péngin terus ngluhurké Yéhuwah,
lan puas karo sing disedhiakké,
contoné: maeman, pemondokan,
lan penggantian ongkos sing jumlahé ora akèh”.
Apa waé berkahé nèk nglayani nèng Bètel?
Kabèh sing réla lan gelem nglayani nèng Bètel
bener-bener ngrasakké akèh berkah.
Katresnan lan persatuané para sedulur kuwi luar biasa.
Iki ora kaya kerja nèng perusahaan donya iki,
merga nèng kéné kanca kerjané ya sahabaté dhéwé.
Cara mikir lan cita-citané padha,
lan padha-padha seneng mbantu.
Kuwi suasanané Bètel.
Isa waé mengko bakal éntuk tugas sing durung tau dikerjakké,
ning ana akèh sedulur sing wis pengalaman siap mbantu
gelem ngajari nganti awaké dhéwé isa.
Pembahasan ayat harian,
Pelajaran Menara Pengawal keluarga Bètel,
ngrungokké penerapan praktis,
nggatèkké komentar-komentar sing apik,
nggawé aku ngerti nèk para sedulur nresnani Yéhuwah.
Lan mbantu aku pèngin nindakké sing padha.
Majikan nèng Bètel kuwi Yéhuwah
majikan sing paling apik sakdonya.
Ora ana majikan sing luwih ngajèni
lan perduli sakliyané Yéhuwah.
Mula, nyenengké banget kerja kanggo Yéhuwah.
Wektu mbayangké gawéan nèng Bètel
nggawé wacan lan ngirim wacan,
nggawé vidéo-vidéo nggo kebaktian,
lan nerjemahké wacan nèng akèh basa .
aku nggumun banget.
Tugas apa waé nèng Bètel kuwi sakjané
ndhukung gawéané budhak sing setya.
Dadi, ora masalah éntuk tugas apa waé.
Piyé cah-cah enom isa nglayani nèng Bètel?
Wong tuwaku ngajari aku bèn ngutamakké Yéhuwah.
Kèt cilik keluargaku nggunakké akèh wektu
nggo nginjil, klebu pas liburan sekolah.
Iki mbantu keluargaku cedhak karo Yéhuwah
lan nggawé aku fokus karo cita-cita rohaniku.
Aku seneng maca, terus Bapakku kandha,
”Mbok maca Alkitab, Lé.”
Kétoké kuwi omongan sing biasa waé,
nanging wektu kuwi,
aku durung tau maca Alkitab nganti rampung.
Wektu aku rampung maca Alkitab,
cara mikirku berubah
aku dadi luwih yakin karo wulangané Alkitab.
Maca Alkitab mbantu aku tetep nduwé
hubungan sing apik karo Yéhuwah
lan terus fokus karo cita-citaku.
Nèng jemaat, tugasku mbagi majalah,
tata suara, lan nata panggung.
Tugas iki mbantu aku nduwé semangat kerja sing apik
lan nindakké luwih akèh nggo Yéhuwah.
Para pinituwa kerep dinas karo aku.
Dadi wektu aku ngrasa, ’Aku ora isa nindakké iki’
utawa ’Iki angèl’
utawa ’Iki abot banget’
utawa ’Cita-citaku kétoké kedhuwuren’,
ana pinituwa sing nduduhké ayat
yaiku pas Yéhuwah nguwatké Yosua bèn kendel
iki gedhé pengaruhé nggo aku.
Aku dadi luwih kuwat,
lan akhiré aku isa nglayani nèng Bètel.
Wektu tour nèng Bètel, sedulur-sedulur
nèng kana kuwi wong-wong sing biasa,
ning nduwé sipat sing apik sing péngin tak tiru
ramah lan apikan.
Iki nggawé aku semangat bèn cita-citaku kelakon .
bèn isa kaya para sedulur kuwi.
Ana persyaratan kanggo nglayani nèng Bètel.
Njenengan kudu nresnani Yéhuwah lan organisasiné.
Iki kétok saka uripmu sing manut Alkitab.
Njenengan uga kudu wong sing rohani.
Njenengan kudu ngajèni standar moralé Yéhuwah,
ngedohi moral sing ora resik lan amoralitas sèksual.
Kudu nduwé hati nurani sing resik
bèn pikiranmu tenang lan
bahagia merga ora ana sing didhelikké.
Dandananmu kudu nduduhké nèk njenengan wong
sing ngabdi marang Yéhuwah senajan pas santai.
Dandanan sing anèh utawa sing sak senengé dhéwé
utawa kaya wong sing dudu
abdiné Yéhuwah ora cocog nèng Bètel.
Sing arep ndaftar ora éntuk maca,
ngrungokké, utawa nonton bab sing
ora pantes kanggo wong Kristen.
Contoné pornografi, musik sing ora pantes,
utawa kabèh hiburan sing ana hubungané karo amoralitas sèksual,
hantu-hantu, utawa kekerasan.
Sing ndaftar Bètel umuré 19 nganti 35.
Kadhangkala Bètel nampa wong
sing umuré luwih saka 35
merga nduwé keahlian khusus sing dibutuhké ing Bètel,
misalé sing nduwé pengalaman mèdis,
mesin, penerjemahan, ketrampilan bangunan,
kaya pemasangan pipa, listrik,
mekanik alat berat, utawa tukang kayu.
Kabèh sing nduwé keahlian kuwi isa ndaftar.
Nèk péngin kerja sepenuh waktu ing Bètel,
kudu nduwé pikiran sing séhat lan émosi sing stabil,
badan sing kuwat, lan sanggup kerja suwé.
Kudu isa maca, nulis, lan ngomong
ing basa sing digunakké nèng wilayah cabang.
Tujuané, bèn njenengan gampang komunikasi
karo liyané sing nglayani nèng Bètel,
nampa pelatihan, lan nyaman wektu kerja ing Bètel.
Sing ndaftar ing Bètel setuju nglayani minimal setaun,
saksuwéné kuwi njenengan bakal dilatih
bèn isa terus nglayani nèng Bètel.
Ana sing mikir nèk mlebu universitas kuwi
dadi kesempatan isa diundang mlebu Bètel.
Ning, para sedulur ora perlu mlebu
universitas sik supaya isa mlebu Bètel.
Dadi perintis biasa kuwi cara sing
paling apik bèn siap nglayani nèng Bètel.
Sing paling dibutuhké kuwi sedulur lanang sing lajang.
Ning, kabèh sing netepi syarat,
klebu sedulur wédok, dianjurké kanggo
ndaftar dadi sukarélawan sementara.
Nglayani dadi sukarélawan sementara ing Bètel
isa dadi kesempatan nindakké luwih akèh nggo Yéhuwah.
Nèk njenengan péngin nglayani nèng Bètel,
formulir sing endi sing arep mbok jaluk
saka anggota Panitia Dinas Sidang?
Merga ana rong macem formulir,
ndongaa lan pikirna tenanan situasiné njenengan.
Bar kuwi, nggawéa keputusan,
apa njenengan arep njaluk formulir
Permohonan untuk Program Sukarelawan (A-19),
sing tujuané kanggo sing berminat dadi sukarélawan
kanggo seminggu utawa nganti pirang-pirang sasi.
Utawa, njenengan arep njaluk formulir
Permohonan untuk Menjadi Anggota Ordo
Pelayan Sepenuh Waktu Khusus
Saksi-Saksi Yehuwa Sedunia (A-8).
Formulir iki tujuané kanggo sing
gelem nglayani setahun utawa luwih.
Nèk Panitia Cabang ngrasa ana kebutuhan,
para sedulur kuwi bakal mènèhi
tugas sing cocog kanggo njenengan,
isa nèng Bètel utawa nèng proyèk pembangunan.
Sakwisé diisi, nyerahké formulir kuwi
isa mbukak akèh kesempatan nggo njenengan
kesempatan kanggo nglayani
Yéhuwah lan organisasiné.
Aku yakin, njenengan lila ngabdi nggo Yéhuwah.
Ning, kadhang situasiné ora cocog
nggo nglayani nèng Bètel.
Mula awaké dhéwé isa nyemangati
sedulur sing situasiné cocog.
Para wong tuwa, tirunen contoné Hana lan Élkana
sing wis lila mènèhké anak lanangé sing isih enom bèn isa nglayani Yéhuwah.
Terusa nyemangati anak-anak njenengan
bèn nduwé cita-cita ngabdi nèng Bètel.
Wènèhana tuladha lan critakna
bab dinas sepenuh waktu,
bèn minaté anak-anak njenengan saya gedhé.
Nèk isa,
ajaken lunga menyang kantor pusat
nèng New York, Amerika,
utawa tur nèng Bètel sing ana
nèng kantor cabang dhaérahé njenengan.
Tour iki mbantu cah-cah enom ndelok
carané gawéan nèng Bètel ditindakké
kanggo ndhukung kepentingané Kratoné Allah.
Para pinituwa,
bantunen cah-cah enom
nèng jemaatmu sing nduwé potènsi
bèn isa netepi syarat ngabdi nèng Bètel.
Yéhuwah terus nggolèki wong-wong sing gelem
nampa undangané lan lila nindakké luwih akèh.
Kaya nèng jaman Yésaya, Yéhuwah takon,
”Sapa sing gelem Tak utus,
lan sapa sing gelem mangkat?”
Apa njenengan njawab kaya sang nabi,
”Aku waé, utusen aku!”?
Aku nyemangati njenengan cah-cah enom,
dadia wong Kristen sing diwasa
lan nglayani sakwutuhé nyawa.
Mungkin sukmbèn njenengan isa ngabdi
nèng Bètel utawa corak dinas liyané
bèn isa nggunakké kekuwatan lan
keséhatanmu nggo ngluhurké Yéhuwah.
Aku kabèh nresnani njenengan merga wis
ngupaya nindakké luwih akèh kanggo Yéhuwah.