00:00:01
Katrangan buku Galatia.00:00:04
00:00:06
Rasul Paulus nulis surat iki nèng Korintus utawa nèng Antiokhia Siria00:00:11
00:00:11
pas perjalanan utusan injilé sing keloro utawa sakwisé kuwi.00:00:15
00:00:16
Biasané Paulus nggunakké sekretaris nggo nulis surat-suraté.00:00:19
00:00:19
Ning, surat nggo jemaat nèng Galatia ditulis dhéwé karo Paulus.00:00:24
00:00:24
Buku Galatia ditulis kira-kira taun sèket nganti sèket loro Masèhi.00:00:29
00:00:30
Apa njenengan ngerti?00:00:32
00:00:32
Galatia kuwi salah siji provinsi Romawi
nèng bagéan tengahé dhaérah sing saiki jenengé Asia Kecil.00:00:40
00:00:40
Jemaat-jemaat nèng Galatia mungkin termasuk jemaat nèng Antiokhia Pisidia,00:00:47
00:00:47
Ikonium, Listra, lan Dèrbé.00:00:50
00:00:52
Ana guru-guru palsu sing ngomong nèk wong Kristen kudu manut Hukum Musa.00:00:57
00:00:57
Mula, Paulus nulis surat iki nggo mbantu para sedulur ngerti nèk kuwi ora bener.00:01:03
00:01:04
Ana nem bab nèng buku Galatia.00:01:07
00:01:07
Nèng bab siji, Paulus njelaské piyé dhèké, sing agamané Yahudi, isa dadi wong Kristen.00:01:14
00:01:14
Paulus ngélingké para sedulur nèng Galatia
nèk apa sing dhèké wulangké kuwi asalé seka Yésus,00:01:21
00:01:21
mula para sedulur kuwi kudu manut.00:01:24
00:01:24
Nèng bab loro lan telu,00:01:26
00:01:26
Paulus njelaské nèk wong sing ”nindakké hukum” kuwi ora mesthi dianggep bener.00:01:31
00:01:32
Hukum Taurat kuwi ”pembimbing” sing mbantu wong isa akrab karo Yésus.00:01:36
00:01:36
Wong isa dianggep bener nèk nduwé iman karo Yésus.00:01:39
00:01:40
Paulus ngandhani nèk keturunan rohaniné Abraham kuwi Kristus
lan wong-wong sing bakal dadi raja bareng Kristus.00:01:47
00:01:48
Nèng bab papat nganti nem,00:01:50
00:01:50
Paulus ngandhani para sedulur nèng Galatia bèn ora percaya karo ajarané menungsa.00:01:56
00:01:58
Nèng bab papat, Paulus ngomongké gambaran soal Hagar karo anaké yaiku Ismaèl,00:02:04
00:02:04
lan Sara karo anaké yaiku Ishak.00:02:07
00:02:08
Hagar lan Ismaèl nggambarké Yérusalèm nèng bumi lan rakyaté sing dadi budhak.00:02:14
00:02:17
Sara nggambarké ”Yérusalèm sing ana nèng ndhuwur”00:02:20
00:02:20
yaiku organisasiné Yéhuwah nèng swarga, lan Ishak nggambarké wong Kristen terurap sing merdéka.00:02:27
00:02:32
Ning, Paulus ngélingké bèn kemerdékaan kuwi ora dadi alesan bèn isa nindakké dosa.00:02:38
00:02:39
Dhèké njelaské bédané tumindaké badan sing dosa karo wohé roh suci.00:02:44
00:02:44
Dhèké ya mulang nèk awaké dhéwé bakal manèn apa sing disebar.00:02:49
00:02:51
Wektu maca buku Galatia, gatèkna wong Kristen isa dianggep bener merga nduwé iman,00:02:58
00:02:58
wong-wong sing nduduhké wohé roh suci bakal éntuk manfaat,00:03:04
00:03:04
lan keturunan rohaniné Abraham kuwi Yésus Kristus
lan wong-wong sing bakal dadi raja bareng Yésus.00:03:12
Katrangan Buku Galatia
-
Katrangan Buku Galatia
Katrangan buku Galatia.
Rasul Paulus nulis surat iki nèng Korintus utawa nèng Antiokhia Siria
pas perjalanan utusan injilé sing keloro utawa sakwisé kuwi.
Biasané Paulus nggunakké sekretaris nggo nulis surat-suraté.
Ning, surat nggo jemaat nèng Galatia ditulis dhéwé karo Paulus.
Buku Galatia ditulis kira-kira taun sèket nganti sèket loro Masèhi.
Apa njenengan ngerti?
Galatia kuwi salah siji provinsi Romawi
nèng bagéan tengahé dhaérah sing saiki jenengé Asia Kecil.
Jemaat-jemaat nèng Galatia mungkin termasuk jemaat nèng Antiokhia Pisidia,
Ikonium, Listra, lan Dèrbé.
Ana guru-guru palsu sing ngomong nèk wong Kristen kudu manut Hukum Musa.
Mula, Paulus nulis surat iki nggo mbantu para sedulur ngerti nèk kuwi ora bener.
Ana nem bab nèng buku Galatia.
Nèng bab siji, Paulus njelaské piyé dhèké, sing agamané Yahudi, isa dadi wong Kristen.
Paulus ngélingké para sedulur nèng Galatia
nèk apa sing dhèké wulangké kuwi asalé seka Yésus,
mula para sedulur kuwi kudu manut.
Nèng bab loro lan telu,
Paulus njelaské nèk wong sing ”nindakké hukum” kuwi ora mesthi dianggep bener.
Hukum Taurat kuwi ”pembimbing” sing mbantu wong isa akrab karo Yésus.
Wong isa dianggep bener nèk nduwé iman karo Yésus.
Paulus ngandhani nèk keturunan rohaniné Abraham kuwi Kristus
lan wong-wong sing bakal dadi raja bareng Kristus.
Nèng bab papat nganti nem,
Paulus ngandhani para sedulur nèng Galatia bèn ora percaya karo ajarané menungsa.
Nèng bab papat, Paulus ngomongké gambaran soal Hagar karo anaké yaiku Ismaèl,
lan Sara karo anaké yaiku Ishak.
Hagar lan Ismaèl nggambarké Yérusalèm nèng bumi lan rakyaté sing dadi budhak.
Sara nggambarké ”Yérusalèm sing ana nèng ndhuwur”
yaiku organisasiné Yéhuwah nèng swarga, lan Ishak nggambarké wong Kristen terurap sing merdéka.
Ning, Paulus ngélingké bèn kemerdékaan kuwi ora dadi alesan bèn isa nindakké dosa.
Dhèké njelaské bédané tumindaké badan sing dosa karo wohé roh suci.
Dhèké ya mulang nèk awaké dhéwé bakal manèn apa sing disebar.
Wektu maca buku Galatia, gatèkna wong Kristen isa dianggep bener merga nduwé iman,
wong-wong sing nduduhké wohé roh suci bakal éntuk manfaat,
lan keturunan rohaniné Abraham kuwi Yésus Kristus
lan wong-wong sing bakal dadi raja bareng Yésus.
-