JW subtitle extractor

Katrangan Buku Éfésus

Video Other languages Share text Share link Show times

Katrangan buku Éfésus.
Rasul Paulus pertama kali teka nèng kutha pelabuhan, yaiku Éfésus,
pas perjalanan utusan injilé sing keloro kira-kira
taun 52 Masèhi, bareng karo Akuila lan Priskila.
Paulus ora suwé nèng kono.
Dhèké akhiré lunga, ning Akuila lan Priskila
tetep nèng kono nggo neruské gawéan nginjil lan mulang.
Ning, pas perjalanan utusan injilé sing ketelu,
Paulus manggon nèng Éfésus nganti telung taun.
Dhèké semangat nginjil lan ngupaya luwih akrab
karo para sedulur nèng Éfésus.
Bar kuwi, kira-kira taun 60 utawa 61 Masèhi,
Paulus nulis surat nggo jemaat Éfésus.
Dhèké nulis kuwi nèng Roma,
pas dadi tahanan nèng omah lan ngentèni nggo diadili.
Ana nem bab nèng buku Éfésus.
Bab siji nduduhké nèk Gusti Allah nggawé pengaturan
(utawa cara nggo ngumpulké keluargané).
Nganggo cara iki, kabèh wong sing dipilih nggo urip nèng swarga
lan sing bakal urip nèng bumi
bakal bersatu karo Yéhuwah liwat Kristus.
Nèng bab loro, Paulus ngomong nèk Hukum Musa kuwi
kaya témbok sing misahké wong Yahudi lan sing dudu Yahudi.
Merga kematiané Yésus,
perjanjian Hukum wis ora berlaku menèh
lan ”ngrubuhké témbok sing misahké” rong kelompok kuwi.
Nèng bab telu, Paulus nyebutké soal ”rahasia suci bab Kristus”.
Dhèké ya njelaské nèk Gusti Allah péngin
bèn wong sing dudu Yahudi
isa mèlu mréntah bareng Kristus nèng swarga.
Apa njenengan ngerti?
Éfésus terkenal merga nduwé kuil sing gedhé banget
sing digunakké nggo penyembahan dèwi Artèmis.
Kaya sing disebutké nèng Kisah 19,
tukang pérak nèng Éfésus isa éntuk dhuwit akèh
merga dodolan ”kuil-kuilan Artèmis”.
Saksuwéné telung taun nèng Éfésus,
Paulus nduduhké karo wong-wong kuwi
nèk nyembah patung kuwi salah.
Hasilé, akèh wong nèng Éfésus ora nyembah patung menèh
lan mulai nyembah Yéhuwah.
Akibaté, para tukang pérak lan sing dodolan
patung-patung kuwi dadi nesu lan nggawé masalah.
Nèng bab papat, wong Éfésus dinaséhati bèn
”nyingkirké kepribadian lawas”,
yaiku tumindaké ing jaman mbiyèn,
lan ”nganggo kepribadian anyar”
sing cocog karo kepénginané Yéhuwah.
Nèng bab lima,
Paulus nguwatké para sedulur nèng Éfésus nggo ’terus nresnani’.
Kuwi kudu diduduhké karo anggota keluarga.
Wong wédok ”kudu manut” karo bojoné.
Wong lanang kudu ”terus nresnani” bojoné,
”kaya Kristus uga nresnani jemaat”.
Nèng bab nem,
Paulus mènèhi perumpamaan soal perlengkapan perang
lan ngongkon para sedulur nganggo
kabèh perlengkapan perang seka Gusti Allah.
Kuwi isa mbantu wong Éfésus
tetep setya senajan ngadhepi tantangan.
Wektu maca buku Éfésus,
gatèkna nèk awaké dhéwé kudu nganggo kepribadian anyar
sing cocog karo kepénginané Yéhuwah,
awaké dhéwé ya kudu nganggo
kabèh perlengkapan perang seka Gusti Allah,
lan gatèkna carané Yéhuwah ngumpulké wong Yahudi
lan sing dudu Yahudi nggo mréntah bareng Yésus Kristus.