00:00:02
Katrangan buku Ibrani.00:00:04
00:00:07
Paulus nulis surat iki kira-kira taun 61 Masèhi,00:00:11
00:00:11
ora suwé sakdurungé utawa sakwisé dibébaské
lan wis ora dadi tahanan omah.00:00:16
00:00:17
Isi suraté nduduhké nèk surat kuwi
ditulis nggo wong Kristen Ibrani nèng Yudéa.00:00:22
00:00:24
Akèh sing wis suwé dadi Kristen,00:00:26
00:00:27
ning ana sing kudu sinau menèh
soal ajaran dhasar seka Kitab Suci.00:00:31
00:00:33
Iki bahaya, merga para pemimpin
agama Yahudi lan para pendhukungé00:00:37
00:00:37
nentang wong-wong Kristen kuwi.00:00:39
00:00:41
Wong-wong sing nentang
mungkin nduwé pendapat00:00:44
00:00:44
nèk wong Kristen ora nduwé sarana
nggo mbantu wektu ngibadah.00:00:47
00:00:48
Ora kaya wong Yahudi
sing nduwé bait sing megah,00:00:51
00:00:51
imam, korban kéwan, Hukum Musa,
lan sejarah seka Abraham.00:00:58
00:01:01
Paulus nulis iki bèn wong Kristen Ibrani tambah
percaya karo pengaturané Yéhuwah00:01:06
00:01:06
sing pusaté yaiku Kristus.00:01:08
00:01:09
Pengaturan kuwi nggawé ibadahé wong Kristen
luwih unggul ketimbang ibadahé bangsa Israèl.00:01:14
00:01:16
Suraté Paulus iki ya isa mbantu wong Kristen
Ibrani sing isih manut Hukum Musa.00:01:20
00:01:23
Ana telulas bab nèng buku Ibrani.00:01:25
00:01:27
Bab siji nganti telu00:01:29
00:01:29
njelaské nèk Yésus nduwé kedudukan sing luwih
unggul ketimbang para malaékat lan Musa.00:01:35
00:01:38
Nèng bab papat nganti sepuluh,00:01:40
00:01:40
dijelaské nèk Yésus kuwi00:01:42
00:01:42
Imam Agung sing luwih unggul ketimbang
imam agung Yahudi sing nglayani nèng bait.00:01:47
00:01:48
Yésus sampurna lan ora nduwé dosa.00:01:51
00:01:53
Imam agung Yahudi kudu mènèhké korban
saben dina nggo dosané bangsa kuwi.00:01:58
00:01:59
Sing dikorbanké kuwi ya mung kéwan,
sing manfaaté mung sementara.00:02:03
00:02:04
Nèng swarga,00:02:05
00:02:06
Kristus masrahké uripé sing sampurna dadi
korban tebusan sing manfaaté nggo saklawasé.00:02:11
00:02:13
Tebusané Yésus ya dadi dhasar nggo perjanjian anyar
sing luwih apik ketimbang perjanjian liwat Musa.00:02:20
00:02:23
Apa njenengan ngerti?00:02:24
00:02:25
Ibrani 9:9 kandha, ”Kémah kuwi dadi gambaran.”00:02:30
00:02:31
Kémah sing dimaksud Paulus kuwi
tabernakel sing digawé Musa.00:02:35
00:02:37
Tabernakel dadi pusat ibadah,
ning korban kéwan ora isa ngilangi dosa.00:02:43
00:02:46
Kémah sing luwih unggul
”sing ora digawé nganggo tangané manungsa”,00:02:50
00:02:50
yaiku pengaturan nggo ngibadah karo Yéhuwah
sing dhasaré korban tebusané Kristus.00:02:56
00:02:57
Pengaturan kuwi isa nggawé awaké dhéwé
luwih cedhak karo Yéhuwah.00:03:01
00:03:04
Nèng bab sepuluh,00:03:06
00:03:06
ditulis nèk pengikuté Kristus kudu ngumpul
bareng bèn isa padha-padha nguwatké.00:03:11
00:03:11
Apa menèh merga akhir ndonya iki wis cedhak.00:03:14
00:03:15
Bab sewelas ngrembug soal iman.00:03:18
00:03:18
Ana akèh conto wong lanang lan
wong wédok jaman mbiyèn00:03:22
00:03:22
sing nduduhké iman
liwat omongan lan tumindaké.00:03:25
00:03:27
Nèng bab rolas,00:03:28
00:03:28
awaké dhéwé maca nèk wong lanang
lan wong wédok sing kendel iki00:03:32
00:03:32
kaya ”seksi sing akèh banget kaya méga”.00:03:34
00:03:35
Terus, Paulus ngrembug soal seksi sing utama,
yaiku Yésus Kristus00:03:40
00:03:40
sing dadi ”Wakil Utama
lan Sing Nyampurnakké iman kita”.00:03:44
00:03:45
Nèk nduwé iman kaya Kristus,
tumindaké awaké dhéwé ya kudu murni.00:03:49
00:03:50
Mula, Paulus mènèhi naséhat nèng bab telulas,00:03:53
00:03:53
”Terus duduhna katresnan paseduluran”,00:03:56
00:03:57
”Urip bebojoan kuwi kudu diajèni
karo kabèh wong”,00:04:00
00:04:00
lan ”Kowé kabèh kudu manut lan tundhuk
marang wong-wong sing mimpin kowé”.00:04:04
00:04:06
Wektu maca buku Ibrani,00:04:08
00:04:08
gatèkna piyé Paulus nduduhké nèk ibadahé
wong Kristen kuwi luwih unggul,00:04:12
00:04:13
piyé awaké dhéwé isa nggawé iman dadi sampurna
karo ngentèni donyané Sétan disirnakké,00:04:18
00:04:18
lan piyé Yésus sing dadi
Imam Agung lan Raja Kratoné Allah00:04:22
00:04:22
digunakké Yéhuwah nggo
nyingkirké dosa lan kematian.00:04:26
Katrangan Buku Ibrani
-
Katrangan Buku Ibrani
Katrangan buku Ibrani.
Paulus nulis surat iki kira-kira taun 61 Masèhi,
ora suwé sakdurungé utawa sakwisé dibébaské
lan wis ora dadi tahanan omah.
Isi suraté nduduhké nèk surat kuwi
ditulis nggo wong Kristen Ibrani nèng Yudéa.
Akèh sing wis suwé dadi Kristen,
ning ana sing kudu sinau menèh
soal ajaran dhasar seka Kitab Suci.
Iki bahaya, merga para pemimpin
agama Yahudi lan para pendhukungé
nentang wong-wong Kristen kuwi.
Wong-wong sing nentang
mungkin nduwé pendapat
nèk wong Kristen ora nduwé sarana
nggo mbantu wektu ngibadah.
Ora kaya wong Yahudi
sing nduwé bait sing megah,
imam, korban kéwan, Hukum Musa,
lan sejarah seka Abraham.
Paulus nulis iki bèn wong Kristen Ibrani tambah
percaya karo pengaturané Yéhuwah
sing pusaté yaiku Kristus.
Pengaturan kuwi nggawé ibadahé wong Kristen
luwih unggul ketimbang ibadahé bangsa Israèl.
Suraté Paulus iki ya isa mbantu wong Kristen
Ibrani sing isih manut Hukum Musa.
Ana telulas bab nèng buku Ibrani.
Bab siji nganti telu
njelaské nèk Yésus nduwé kedudukan sing luwih
unggul ketimbang para malaékat lan Musa.
Nèng bab papat nganti sepuluh,
dijelaské nèk Yésus kuwi
Imam Agung sing luwih unggul ketimbang
imam agung Yahudi sing nglayani nèng bait.
Yésus sampurna lan ora nduwé dosa.
Imam agung Yahudi kudu mènèhké korban
saben dina nggo dosané bangsa kuwi.
Sing dikorbanké kuwi ya mung kéwan,
sing manfaaté mung sementara.
Nèng swarga,
Kristus masrahké uripé sing sampurna dadi
korban tebusan sing manfaaté nggo saklawasé.
Tebusané Yésus ya dadi dhasar nggo perjanjian anyar
sing luwih apik ketimbang perjanjian liwat Musa.
Apa njenengan ngerti?
Ibrani 9:9 kandha, ”Kémah kuwi dadi gambaran.”
Kémah sing dimaksud Paulus kuwi
tabernakel sing digawé Musa.
Tabernakel dadi pusat ibadah,
ning korban kéwan ora isa ngilangi dosa.
Kémah sing luwih unggul
”sing ora digawé nganggo tangané manungsa”,
yaiku pengaturan nggo ngibadah karo Yéhuwah
sing dhasaré korban tebusané Kristus.
Pengaturan kuwi isa nggawé awaké dhéwé
luwih cedhak karo Yéhuwah.
Nèng bab sepuluh,
ditulis nèk pengikuté Kristus kudu ngumpul
bareng bèn isa padha-padha nguwatké.
Apa menèh merga akhir ndonya iki wis cedhak.
Bab sewelas ngrembug soal iman.
Ana akèh conto wong lanang lan
wong wédok jaman mbiyèn
sing nduduhké iman
liwat omongan lan tumindaké.
Nèng bab rolas,
awaké dhéwé maca nèk wong lanang
lan wong wédok sing kendel iki
kaya ”seksi sing akèh banget kaya méga”.
Terus, Paulus ngrembug soal seksi sing utama,
yaiku Yésus Kristus
sing dadi ”Wakil Utama
lan Sing Nyampurnakké iman kita”.
Nèk nduwé iman kaya Kristus,
tumindaké awaké dhéwé ya kudu murni.
Mula, Paulus mènèhi naséhat nèng bab telulas,
”Terus duduhna katresnan paseduluran”,
”Urip bebojoan kuwi kudu diajèni
karo kabèh wong”,
lan ”Kowé kabèh kudu manut lan tundhuk
marang wong-wong sing mimpin kowé”.
Wektu maca buku Ibrani,
gatèkna piyé Paulus nduduhké nèk ibadahé
wong Kristen kuwi luwih unggul,
piyé awaké dhéwé isa nggawé iman dadi sampurna
karo ngentèni donyané Sétan disirnakké,
lan piyé Yésus sing dadi
Imam Agung lan Raja Kratoné Allah
digunakké Yéhuwah nggo
nyingkirké dosa lan kematian.
-