JW subtitle extractor

Katrangan Buku Yakobus

Video Other languages Share text Share link Show times

Katrangan buku Yakobus.
Ana bukti sing kuwat nèk Yakobus sing nulis
surat iki yaiku sedulur tiriné Yésus.
Yakobus nulis surat iki
sakdurungé taun sewidak loro Masèhi.
Wektu kuwi, dhèké lagi manggon nèng Yérusalèm.
Surat iki nandheské pentingé nduduhké iman
lan tekun ngadhepi tentangan,
ora nindakké dosa,
lan mbuktèkké iman liwat tumindak.
Kaya Yésus,
Yakobus nggunakké akèh perumpamaan
sing sederhana lan dikenal wong-wong.
Contoné, ombak nèng lautan,
kembang lan wit-witan,
wong lanang sing ngaca nèng cermin,
lan bandha sing isa ilang.
Ana limang bab nèng buku Yakobus.
Bab siji ngélingké bèn awaké dhéwé nduwé iman
wektu ’nyuwun kawicaksanan’ karo Gusti Allah.
Terus, ”wong sing ragu-ragu kuwi kaya ombaké
laut sing diterjang angin mrana-mréné”.
Bab loro isiné naséhat nggo wong sing luwih seneng
karo wong sugih ketimbang wong miskin.
Kuwi berarti mbédak-bédakké lan nglanggar
”hukum raja” sing isiné soal katresnan.
Apa njenengan ngerti?
Yakobus kerep nyebutké
soal Ceramah ing Gunung.
Dhèké ngomong nèk awaké dhéwé
isa bahagia wektu dianiaya;
awaké dhéwé kudu nindakké kepénginané Gusti Allah,
ora mung ngrungokké thok;
lan kudu ngapurani wong liya
nèk péngin diapurani Gusti Allah.
Nèng bab telu,
Yakobus nggunakké akèh perbandingan
nggo nggambarké pentingé ngendhalèni ilat.
Iki penting khususé nggo umaté
Gusti Allah sing mulangké Alkitab.
Yakobus mbandhingké ilaté awaké dhéwé
kaya tali kendhaliné jaran,
kemudhi kapal, geni, lan sumur.
Bab papat njelaské nèk tumindak sing jahat kuwi
hasil seka kepénginan sing salah.
Yakobus ya kandha, ”Sapa waé sing
péngin dadi kancané donya
sakjané ndadèkké dhèwèké dhéwé
mungsuhé Gusti Allah.”
Ning, nèk awaké dhéwé nglawan Iblis
lan nyedhak karo Gusti Allah,
Gusti Allah ya bakal nyedhak
karo awaké dhéwé.
Bab lima njelaské
nèk Yéhuwah bakal ngukum wong sing sugih
lan nduwé kuwasa sing nindhes wong liya.
Yakobus ya ngélingké pentingé kesabaran.
Kaya petani sing sabar ngentèni udan,
awaké dhéwé kudu sabar
ngentèni Kratoné Allah nggenepi janjiné
sing ana hubungané karo Kristus.
Wong sing mulai ora akrab menèh karo Yéhuwah
kudu njaluk bantuané para pinituwa.
Para pinituwa isa ndongakké lan mènèhi
naséhat Alkitab nggo mbantu wong kuwi.
Wektu maca buku Yakobus, gatèkna,
awaké dhéwé aja nganti nyalahké Yéhuwah
wektu ngadhepi tentangan,
awaké dhéwé kudu ngupaya ngendhalèni ilat,
lan awaké dhéwé kudu sabar ngentèni
Kratoné Allah tumindak.