JW subtitle extractor

Mbantu Wong Liya

Video Other languages Share text Share link Show times

Pengurus Pusat bakal terus ngupaya
mènèhi bantuan kemanusiaan
kanggo para sedulur sing kena bencana kuwi.
Pengurus Pusat sayang banget karo njenengan kabèh.
Maturnuwun wis nonton acara iki.
Iki JW Broadcasting./
Aku ya péngin mbantu.
Aku iya.
Oh, aku ngerti!
Yes!
Kuwi apa, Ndhuk?
Apa aku isa nyumbang
nggo para sedulur sing kena badai?
Isa, Ndhuk.
Suk Minggu dilebokké nèng kothak sumbangan, ya.
Cèlènganku kosong.
Kétoké aku ra isa mbantu.
Isih ana sing isa mbok tindakké, Lé.
Pertama, kowé isa mulai nabung.
Keloro, kowé isa ndongakké para sedulur kuwi.
Yésus ya nduwé perasaan
sing padha wektu nèng bumi.
Apa kowé kèlingan,
Yésus ngomong apa pas
marèkké wong sing lara kusta?
”Aku gelem.”
Ya.
Dhèké ya seneng mbantu wong liya, kaya kowé.
Bapak Ibu bangga banget karo kowé kabèh.