JW subtitle extractor

Hukuman Kuwi Bukti Sayang

Video Other languages Share text Share link Show times

Kalèb, kok kowé ra dolan nèng njaba, ta?
Jaré Bapak aku dihukum.
Oh ngono, ta.
Ning, senajan ngukum kowé,
Bapak tetep sayang kowé, Lé.
Oh.
Éh, kèlingan ra wektu awaké dhéwé nandur wit?
He-em.
Thukulé cepet ya.
Ning . . .
Bar kuwi ambruk.
Terus, karo Bapak diapakké?
Wité didegké menèh.
Bener.
Apa taliné ngrusak wité?
Ora. Wité malah dadi luwih kuwat.
Iya.
Yéhuwah lan Bapak ya kadhang perlu ngukum kowé.
Isih kèlingan ra apa kandhané Alkitab?
ʼYéhuwah ngukum. . .
Em, ’Yéhuwah ngukum wong sing disayangi.’
Éh!
Oh Kalèb.
Aku sayang Bapak.
Nèk hukuman tandha sayang,
Bapak mesthi sayang banget karo aku.
Iya Kalèb.
Iya.